Jawabanmu

Jawaban paling cerdas!
2014-03-11T23:04:56+07:00
Sawijining dina, ing desa kang adoh saka aktifitas kulawarga nelayan sing omahé ana pinggire segoro kalebu wilayah Sumatera Barat (Sumatera Kulon). Amargo kahanané kulawarga iku ora duwé (mlarat), bapaké nékat budhal nggolék gawéan ing negara liya kanthi numpak perau nyebrang segara sing amba banget. Bapaké Malin ora tau balik manèh ing deso lan kulawargané, jalaran Ibune cancut taliwondo kudu nggenténi tugas Bapaké Malin kanggo golék panguriban. Malin iku klebu bocah sing pinter banget ananging rodo mbeling. Dhewéké kereb nguber-uber pitik lan nyeblak kambék sapu. Sawijining dina, nalika Malin lagi nguber-uber pitik, dhéwéké kesandung watu lan lengen kanane catu keno watu. Catu ono lengene iku mari nanging wekasé ora biso ilang. Amargo rasa welas karo Ibuné sing rekoso banget nggolek panguriban kanggo nggedhekaké dhéwéké, Malin nekat lunga adoh supaya mengkeh bisa sugih yèn uwis balik (bali) maneh ing desane. Mula-mulane ibune Malin Kundang ora sepiro setuju, ngelingi garwane uwis ora tau kundur maneh sak wise tindak adoh, nanging Malin pancet ngengkel sing pungkasane Ibune marengake Malin lungo adoh nunut perahu duweke saudagar. Naliko suwe ono perahu iku, Malin Kundang mempeng sinau ukoro ilmu pelayaran ono uwong-uwong prahu sing uwis duwe pengalamane akeh. Ing tengah-tengahe segoro, dumadakan prahu sing ditumpangi Malin Kundang dikroyok begal-begal segoro. Kabeh bondho dagangane duwekane saudagar sing ono njerone prahu dijaluk kanthi pekso karo begal-begal segoro, malah ora sethithik wong-wong prahu osing dipateni karo begal-begal segoro. Malin Kundang kabekjan, dheweke ndelik ing njero kamar cilik sing ketutup kayu. Amargo itu ora dipateni karo begal-begal Malin kundang kelunto-lunto ing tengahing segoro, ing pungkasane prahu sing ditumpangi nyanggrok ono ing sakwijining pulo. Nganggo tenogo sing amung sethithik Maling Kundang mlaku tumuju ning deso sing cedhak karo pinggire segoro (pantai). Deso sing dienggone Malin Kundang naliko kesasar iku klebu deso sing makmur banget. Amargo ulet lan temenan anggone nyambut gawe, Malin suwining suwe kasil dadi wong sugeh bando. Dheweke duwe parahu dagang akeh kambek rewang (anak buah) sing akehe luwih soko 100 uwong. Sak wise dadi sugih bondho iku Malin Kundang nglamar wanodyo supayo dadi sisihane (garwane/bojone). Pawartos Malin Kundang sing uwis dadi wong sugih bondho lan uwis kromo nganti tekan talingan ibune Malin Kundang. Ibu Malin Kundang rumaos bersyukur lan remen banget amargo putrane uwis kasil. Wiwit dino iku, ibu Malin sakben dinane tindak dermaga, ngrantos putrane karo nggalih menowo wae balek ing desone. Sak wetoro suwi omah-omah, Malin lan sisihane budhal numpak prahu karo anak-anak ugo akeh wong-wong ngisorane sing melu njogo. Ibu Malin sing pirso ono prahu teko ono dermaga mirsani uwong loro ngadeg ono dhuwure gladak prahu. Piyambake percados yen wong sing ngadeg kuwi sejatine putrane, Malin Kundang karo sisihane (bojone). Ibu Malin Kundang tindak nyedeg prahu. Sak wise cedhak, ibune pirso ono wekas catu ing lengen kanan wong iku, mulo ibune tambah percoyo (percados) yen wong sing dicedheki iku Malin Kundang. “Malin Kundang, putraku, kenopo kowe lungo suwi banget tanpo ngirim warto?", ngendikane karo ngarangkul Malin Kundang. Nanging ndelok wong wadon tuwo sing agemane lungset lan reged ngrangkul dheweke, Malin Kundang nesu sing sak temene dheweke wis ngrumangsani yen iku sejatine ibune, nanging dheweke rumongso isin yen kahanan iku mau nganti bojo lan wong-wong ngisorane weruh. Jalaran nompo tumindak olo soko putrane iku, ibu Malin Kundang dadi duko yayah sinipi. Piyambake ora ngiro yen putrane dadi anak keblinger (durhaka). Amargo banget lehe duko, ibu Malin ngentikan lan nyedakake (bersumpah) kanggo putrane, “ Duh Gusti, menawi leres tiyang meniko anak kawulo, kawulo nyedakaken tiyang meniko dados watu” Sak wisé iku, ora let suwi Malin Kundang balék manèh numpak prahu layar, lan ono tengah-tengahing segara dumadakan teka angin puyuh ngantiprahu layar Malin Kundang rusak. Sak banjuré awaké Malin Kundang suwining-suwi dadi kaku sing pungkasané dadi awujud watu karang. Nganti sepréné Watu Malin Kundang isih bisa didelog ana ing sawijining pinggiran segara (pantai) sing dijenengaké Pantai Bayu Legi (Pantai Air Manis), ing sisih kidul kuto Padang, Sumatera Barat.
6 3 6